Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng siang sedaya... Pripun kabare? Muga tansah diparingi kasehatan. Ketemu maneh ing kagiatan pembelajaran daring, aja bosen sinau yaa. Yen bosen oleh nyanyi-nyanyi dhisik banjur ditutukna olehe sinau. Aja nunda-nunda sinau lan garap tugase. Kurang 2 pertemuan maneh sampean wis PTS, mangka iku sampean kudu luwih sregep olehe sinau. Sing durung garap tugas sadurunge bisa takon kancane tugas-tugas apa wae sing wis digarap. Ayo padha semangat olehe sinau!!!!!
Ing pertemuan iki bu Cindy bakal nglanjutake bahasan ngenani drama tradisional, khususe srukture. Ing pertemuan wingi sampean wis diutus maca lan nyatet bab-bab kang wigati/ penting. Nah kudune saiki yen tak jelasake luwih gampang mangertenine. Langsung wae yaaa.....
STRUKTUR DRAMA TRADISIONAL
Struktur drama tradisional meh padha karo struktur utawa unsur intrinsik cerita cekak. Nah sampean kabeh wis padha sinau struktur cerkak toh ing kelas 8 biyen. Kudune ing pertemuan iki sampean wis luwih paham lan luwih gampang nyinaoni ngenani struktur drama tradisional. Struktur drama tradisional kaperang dadi 5, yaiku
Tema, yaiku gagasan pokok sing dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan kethoprak.
Alur, yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pementasan kethoprak. Alur dibagi dadi 3,yaiku alur maju,mundur,lan campuran.
Latar, yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang digelar. Latar dibagi dadi 3, yaiku latar panggonan, latar swasana, lan latar wektu.
Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi paraga utama, paraga panyengkuyung, sarta nggambarake watak lan sipate saben tokoh.
· Paraga utama: paraga kang dadi sumber crita.
· Paraga pambiyantu: paraga kang duweni dialog nanging ora dadi punjering crita.
· Paraga figuran: parag kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebatan.
Yen miturut watake paraga drama ana:
· Paraga antagonis : paraga kang duweni watak ala, saengga ora disenengi pamiyarsa.
· Paraga protagonis: paraga kang duweni watak apik lan disenengi pamiyarsa.
· Paraga tritagonis: paraga kang bias dadi kancane paraga protagonis, duweni watak kang apik utawa ala (penengah).
Amanat, yaiku pesan moral sing ana ing sajroning crita utawa pementasan kethoprak.
Yen mlebu ing naskah drama tradisional mangka struktur utawa unsur intrinsik drama ketambahan siji yaiku unsur pacelathon (omong-omongan). Pacelathon kaperang dadi loro, yaiku miturut panggonan lan miturut cacahe paraga.
Miturut panggonan dibagi dadi 2, yaiku:
· Prolog: pacelathon kang ana ing ngarep drama utawa sadurunge parag omong-omongan.
· Epilog: pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama.
Sing nyritakake prolog lan epilog diarani narator.
Miturut panggonan dibagi dadi 2, yaiku:
· Dialog: pacelathon kang diucapake sambung-sinambung antarane salah sijining paraga karo paraga liyane.
· Monolog: pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.
Supaya bu Cindy ngerti yen sampean paham karo materi ing dhuwur, mangka sampean goleki struktur drama tradisional kaya sing ana ing gladhen kaca 32 ing buku paket Kirtya Basa nganggo wacan “Andhe-Andhe Lumut” sing ana ing buku paket kaca 26. Sampean garap gladhen kuwi ing lembaran kertas lan dikumpulake nalika sampean wis melbu sekolah minggu ngarep. Yen ana pitakonan mangga japri ten bu Cindy.
Matur Nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.
Nama:Arifatun fatonah
BalasHapusKelas:9C
No:02