UNSUR BASA TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI

Assalamualaikum Wr. Wb. 

Sugeng enjing sedaya? Isih semangat ya oleh e sinau? Muga semangat e kaya para pejuang sing nglawan penjajah. Malah kudune luwih semangat yaaaa....

Ing pertemuan daring iki bakal dijelasake babagan tembung tanduk, tembung tanggap, lan unggah-ungguh Basa. Unggah-ungguh Basa wis sering dibahas sadurung-sadurunge, kaya ing kelas VII lan VIII utawa ing jenjang SD biyen. Isih iling Unggah-ungguh Basa kaperang dadi pira? Ya bener, unggah-ungguh basa kaperang dadi 4. Apa wae? Bener. Ana krama inggil, krama lugu, ngoko alus, lan ngoko lugu. Nanging ing pertemuan iki bakal dijelasake krama lugu lan krama inggil. Supaya luwih gampang anggone sinau mangga disimak video ing ngisor iki.


Tembung tanduk lan tembung tanggap uga wis sering dibahas sadurung-sadurunge. Ing kene mung baleni wae supaya sampean kabeh iling. 

Dadi tembung tanggap iku wasesane diwiwiti karo ater-ater tripurusa. 
Tuladha: Bukumu daksilih sik ya.

Yen tembung tanduk wasesane diwiwiti kato ater-ater anuswara.
Tuladha: Adhi nggambar pemandangan gunung ing kertas folio.

Nah saka kene ana sing isih bingung karo unggah-ungguh basa, tembung tanduk, lan tembung tanggap? Yen isih ana sing bingung bisa takon ing kolom komentar utawa japri ing bu Cindy yaa..

Kanggo mangerteni sampean wis paham apa durung, coba garapen gladhen sing ana ing ngisor iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengenalan Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 9

Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng Enjing . Bagaimana kabar kalian semua? Semoga Allah senantiasa melindungi kita semua. Pada kesempatan ini say...