STRUKTUR TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI

 Assalamualaikum Wr. Wb.

Sugeng enjing sedaya. Piye kabare? Muga-muga tansah diparingi kasihatan. Sadurunge melbu ing materi, supaya luwih semangat ayo padha nyanyi mars Basa Jawa dhisik. Isih iling toh? Mangga….

Mars Basa Jawa

Yo kanca sinau Basa Jawa

Basa Jawa kabudayan bangsa

Budaya Jawa dilestarikna

Aja wegah sinau Basa Jawa

            Basa Jawa dudu basa langka

            Basa Jawa dudu basa kuna

            Yen bisa aja ditinggalna

            Basa Jawa bisa tetep jaya

Basa Jawa …. Inggih

Budaya Jawa …. Leres

Kelas ………. Mangga

 

Nah ing pertemuan iki kita bakal sinau struktur teks hasil observasi. Sadurunge coba semaken video ing kene.

Video ing dhuwur ngandharake langkah-langkah panyusunan teks hasil observasi. Wis weruh apa iku teks hasil observasi? Teks hasil observasi yaiku teks kang nerangake asil observasi kang wis ditindhakake. Observasi yaiku pangamatan utawa panelitian kanthi objek panelitian.

Struktur teks laporan asil observasi iku ana 3, yaiku dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan uga dheskripsi manfaat.

- Dhefinisi umum yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tanda, lsp. Maksude ing kene yaiku nerangake bagean sing umum ngenani objek sing dibahas.

- Dheskripsi bagean yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. Dadi ing bagean iki objek sing dibahas dijlentrehna luwih jelas supaya sing maca bisa mbayangake lan uga ngrasakake apa kaya sing ditulis kasebut.

-Dheskripsi manfaat yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi, uga bisa isine babagan manfaat objek sing wis dibahas.

Yen sampean wis bisa mbedakake saben-saben struktur kasebut, coba saiki sampean waca wacan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakonan sing ana ing ngisor!

DHOP LAMPU BISA NGLAYANG

    Sawijining ilmuwan saka New York, Simon Morris, nyiptakake dhop lampu kang unik. Dhop iki bisa nglayang lho. Saliyane iku, dhop lampu iki uga bisa murub suwene 22 taun. Wow, suwe banget ya. Apa ta rahasiane?

    Dhop lampu kang dijenengi Flyte iki nglayang ing sadhuwure kayu pesagi. Geneya Flyte bisa nglayang? Pranyata Simon nyeleh magnet ing ngisore dhop kuwi. Dheweke uga nyeleh magnet ing njerone kayu kuwi. Kekarone magnet mau nduweni kutub kang padha. Mula kuwi, kekarone padha ’tolak-menolak’ saengga nyebabake Flyte nglayang.

    Banjur, saka ngendi Flyte bisa murub? Tatakan kayu Flyte disambung menyang sumber listrik. Flyte oleh setrum mau saka tatakan kayu lumantar teknologi indhuksi. Teknologi indhuksi yakuwi proses owah-owahan energi mekanik dadi energi listrik tanpa kabel. Unike maneh, tatakan kayu iki bisa digunakake kanggo ngisi ulang baterai handphone lho. Canggih ta?

(Panjebar Semangat No.24-13 Juni 2015)

Nah yen wis paham mangga diklik pitakonan ing ngisor iki!


Nuwun..... Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengenalan Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 9

Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng Enjing . Bagaimana kabar kalian semua? Semoga Allah senantiasa melindungi kita semua. Pada kesempatan ini say...