AKSARA REKAN LAN ANGKA JAWA

 Assalamualaikum Wr. Wb.

Sugeng enjing sedaya. Piye kabare? Muga tansah diparingi kasihatan lan ora bosen ketemu materi ing daring menika. Ing pertemuan daring iki bakal dakjelasake babagan Aksara Jawa. Aksara Jawa ing kene ora Aksara Carakan kaya biasane, nanging luwih spesifik maneh yaiku Aksara Rekan lan Angka Jawa. Sadurunge tak wiwiti mangga dunga dhisik supaya ilmune barokah. Aamiin...

AKSARA REKAN

Supaya gampang mahami Aksara Rekan lan bisa nulise coba dibuka (diwaca) buku paket Kirtya Basa kaca 16 banjur semaken video ing ngisor iki.

AKSARA JAWA

Panjelasan ngenani Angka Jawa ana ing buku paket Kirtya Basa kaca 18. Angka Jawa cacahe ana 10 yaiku wiwit 0 nganti 9. Panulisane kaya ing ngisor iki.

Sing kudu dieling-eling nalika nulis Angka Jawa ana sing padha karo Aksara Carakan/ aksara biasa, mangka supaya gampang titenane yen kuwi Angka Jawa kudu diwenehi pada pangkat ing sadurunge lan samarine angka. Pada pangkat iki arupa cecak loro utawa kaya ngene

Supaya luwih gampang coba disimak tuladha sing ana ing buku paket (link ana ing pertemuan sadurunge).

Yen wis paham karo materi kasebut. Coba garapen gladhen sing ana ing buku paket kaca 17 nomer 1 nganti 6 lan gladhen ing kaca 18 nomer 1 nganti 6. Digarap ing buku tulis banjur difoto lan dikirim ing perwakilan kelas. Perwakilan kelas 9A-9E ngirim tugas menyang Bu Cindy lan kelas 9F-9H menyang Pak M. Effendi. 

Menawi wonten pitakonan saget japri ten bu Cindy nggih..

Matur nuwun... Sugeng Makarya sedaya....

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengenalan Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 9

Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng Enjing . Bagaimana kabar kalian semua? Semoga Allah senantiasa melindungi kita semua. Pada kesempatan ini say...